Kamis, 25 Mei 2017

KAWRUH BUDAYA GAMELAN KARAWITAN

1.      Pangertosan Uyon-Uyon
Saking tembung ‘manguyu-uyu’ inggih menika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan pinanganten utawa ing pagelaran ringgit purwa. Unining gendhing tanpa joged utawi umumipun kanthi thuthukan alon. ‘uyu’, (kn.) Gegendhingan nabuh gamelan (ing nalikane duwe gawe) miturut Baoesastradjawa W.J.S Poerwadarminta
2.      Pangertosan Gamelan Jawa
Gamelan jawa iku salah jinis corak gamelan sing urip nang Jawa Tengah uga Yogyakarta lan sebageyan Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa iki beda karo musik gamelan saka daerah liya. Musik gamelan Jawa lumrahe nduwe nada luwih lembut lan luwih alon. Beda karo musik gamelan Bali sing nduwe nada luwih cepet, uga gamelan Sundha sing rasa musike nglaras banget lan didhominasi swara suling.
            Gamelan Jawa iku uga kasebut pentatonis. Saprangkat gamelan komplit iku nduwe 2 laras inggih punika Gamelan Slendro lan Gamelan Pelog. Laras slendro beda karo pelog, ing slendro ora ana nada 4 (papat/pat) karo 7 (pitu/pi). Laras slendro nduwe 5 nada, inggih punika 1 2 3 4 5 6 kanthi interval kang padha. Dene laras pelog iku nduwe 7 nada inggih punika 1 2 3 4 5 6 7. Nadyan mangkono, gamelan pentatonis kuwi dhasare ana 5 nada.
            Laras inggih punika swara kang ajeg dhuwur, ora owah, kasebut uga nada, sistemnada/ tonalsystem. Laras Slendro (Sl.) ateges sistem nada kang manut cendhek-dhuwure lan interval saka gamelan slendro, semono uga laras pelog (Pl.). Titi laras inggih punika notasi nada kang ditulis manut sistemnada laras lan pathete. Dene pathet (Pt.) inggih punika ukuran cendek-dhuwuring laras, minangka wates wilayah nada. Pathet ing laras slendro iku antarane, pathet Nem (6), pathet Sanga (9), lan pathet Manyura (Myr). Dene pathet ing laras pelog inggih punika, pathet Lima (5), pathet Nem (6), lan pathet Barang (Br.).

Ing ngisor iki bab ricikan gamelan
1.      Wujud Tebokan
Ricikan gamelan ingkang wujud tebokan kayadene Bedhug, Kendhang (kendhang gendhing, kendhang ketipung, kendhang batangan, lan kendhang wayangan), Ketipung, Tambur. Cara nabuh dithuthuk (bedhug, tambur) dikebuk/ keplak/ tabok (kendhang).
2.      Wujud Wilahan (carane nabuh dithuthuk)
a.       Gender
b.      Slenthem
c.       Gambang
d.      Demung
e.       Saron
f.       Peking
3.      Wujud Wilahan Pencon (carane nabuh dithuthuk)
a.       Slentho
b.      Gong Kemodhong
c.       Kecer
4.      Wujud Pencon (cara nabuh dithuthuk, jagur)
a.       Bonang
b.      Kethuk
c.       Kenong
d.      Kempyang
e.       Kempul
f.       Gong  (gong ageng, gong suwukan)
5.      Wujud Kawatan
a.       Rebab (carane nabuh digesek)
b.      Siter (carane nabuh dipethik/ cuwik)
c.       Clempung (carane nabuh dipethik/ cuwik)
6.      Wujud Pipa
a.       Suling (cara ngungelaken disebul)


LELAGON

Lelagon Pangatag, Laras Pelog Pathet Nem

Wadon :
Bapakne wanci esuk
Tlaten temen kowe tenguk tenguk
Ngelingono ning pawon kendile ngguling

Lanang :
Lha iku a rak butuhmu
Isen isen njroning pawon

Wadon :
Iyo bener kandhamu
Pawon iku dadi kwajibanku
Ning pikiren beras entek bumbu tapis

Lanang :
Yen ngunu aku seng kujur
Opo sing kudu tak adol

Wadon :
Ojo keladuk gemblung
Uwong lanang mung kawitan dengkul
Opo seneng yen brayatmu podo klingsir

Lanang :
Mungko aku seneng nganggur
Mangan turu omong kosong

Wadon :
Ambok welas anakmu
Galo kae ono kebon jembrung
Sregepana olah lemah ditanduri

Lanang :
Aku njaluk sangu pacul
Tumandhang anggarap kebon

GUGUR GUNUNG

Ayo ayo kanca kanca 
Ngayahi karnaying praja 

Kene kene kene kene
Gugur gunung tandang gawe 

Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane
Lilo lan legawa kanggo mulyaning negara

Siji loro telu papat
Maju papat papat

Diulang-ulangake mesthi enggal rampunge
Holobis kontul baris
Holobis kontul baris



Pustaka :


Tidak ada komentar:

Posting Komentar