Kamis, 25 Mei 2017

PAWARTOS

1.       Pangertosan Pawartos
Pawartos inggih menika palaporan ngengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kadadosan
kasebat.
2.       Unsur fakta ingkang wonten ing pawartos inggih menika : (5W+1H)
a.       Who (sinten)
b.      What (menapa)
c.       Where (wonten pundi)
d.      Why (kenging menapa)
e.      How (kadospundi)
3.       Jinising Pawartos
a.       Pawartos langsung (Straight news)
b.      Pawartos mendalam (Depth news)
c.       Pawartos opini (Opini news)
d.      Pawartos photo
4.       Struktur Panyeratan Pawartos
a.       Irah-irahan (head)
b.      Baris tengah (dateline)
c.       Teras pawartos (lead)
d.      Wos pawartos (body)
5.       Sifat Pawartos
a.       Aktual
b.      Faktual
c.       Cekak aos
d.      Jangkep
e.      Narik kawigaten
6.       Perangan kang nemtokake bobot biji pawarta yaiku:
a.       Aktualitas
b.      Sesambungan kaliyan papan kedadosan
c.       Sesambungan kaliyan unsur-unsur ingkang katut ing saklebetipun kedadosan
d.      Sesambungan kaliyan padamelan pamaos / pamiyarsa
e.      Jangkepipun pawarta
7.       Ingkang perlu dipungatosaken nalika mirengaken pawartos utawi informasi inggih menika :
a.       Mangertosi kanthi cetha perkawis ingkang dipunaturaken
b.      Mbedakaken informasi ingkang wigati saha ingkang boten wigati
c.       Nyathet informasi ingkang leres saha premati
8.       Ingkang kedah dipun gatosaken nalika maos pawartos inggih punika :
a.       Pocapan (lafal), nggatosaken vocal, konsonan
b.      Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling swara/nada
c.       Kawijangan pocapan inggih punika gambling dipunmirengaken saha leres tumpraping pangagem basa
d.      Pandelenging netra sasaged-saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg
e.      Solah bawa maos kaudiya ingkang santun miwah leres

TULAHDA PAWARTOS
Harley Davidson Kobong Ing Jalan Magelang – Sleman
Diposting oleh Sendra Tari di 18.02
Kobongan linuwih marang siji sepeda montor Harley Davidson neng prapatan Beran Sleman, Din Sabtu (29/10/2016). Dugaan sawentara Harley sing ditumpaki dening Kristian (40 tahun), warga Semarang, kobonga amerga korsleting kelistrikane.

"Awale montor Harley mlaju saka arah Magelang nuju Yogya," turene Kapolsek Sleman Kompol Kukuh Sumartoyo.


Harley Ultra lewat dalan Magelang – Sleman. Sangantine neng prapatan Beran Sleman tunggangan sing nduweni nomor polisi H 4742 HG mandheg iku mandeg. Amerga wektu kuwi traficlight kathon abang, wektu murup ijo, mesin Harley dumadakan macet. Pengendara bacut terus nyoba nguripake kanthi cara 'starter' terus terusan. Nanging ora dikira kedadean percikan geni neng ngisor tangki. Geni banjur nyamber tunggangane.


"Pengendara sempet kena geni," tambahe.


Warga sekitar lan pangguna dalan sing ndeleng kedaden kuwi lansung mlayon nyoba nylametake. Kanthi prabot saanane dekne kabeh gotongroyong mateni geni. Kedaden kuwi sempet nggawe arus lalu lintas macet. Polisi sing mbisakne laporan kuwi banjur nekani lokasi kedaden. Petugas sabanjure nglakoke koordinasi karo pemadam kebakaran. Geni lagi bener-bener iso dipateni sakwise siji mobil pemadam dikerahke neng TKP.


Sumber :

Tidak ada komentar:

Posting Komentar