SESORAH
Sesorah utawi pidato yaiku
tanggap wacana kangge paring pangandikan wonten ing sangajengipun tiyang kathah
kanthi maksud lan tujuan ingkang gumathok. Sampun kawuningan, bilih
nindakaken ayahan minangka pranatacara tuwin pamedhar sabda utawi sesorah
menika dados punjering kawigatosan. Supados nengsemaken ing samudayanipun,
pramila kedah nggatosaken:
1. Busana
(Ageman)
Anggenipun bgadi busana
kajumbuhna kaliyan kaperluwanipun, wonten ing adicara menapa ingkang badhe
dipunayahi. Umpamanipun wonten ing pahargyan panganten, langkung prayogi ngagem
busana kejawen jangkep. Ewa semanten ngagem busana sanesipun inggih boten lepat
bokbilih kepanggih “kok Ngijeni”. Nanging inggih tansah kagatosna bab
trapsilaning ngrasuk busana.
2. Subasita
(Trapsila, Tata Krami)
Trapsila ingkang
kirang, ugi badhe bgirangi kawibawan, ingkang wasana lajeng dados kirang
nengsemaken. Solah bawa sampun ngantos kadamel-damel, prayogi ingkang prasaja
kemawon, anteng, manteb, nanging boten kaken. Pramila menika saged gladen
wonten ing sangajengipun pengilon ingkang ageng, mangke badhe manggihi patrap
ingkang luwes tuwin pantes. Saha kaudiya babagan ewah-ewahing pasuryan, sageda nggambaraken
wosing penggalih, ingkang salajengipun jumbuh kaliyan swasana.
3. Swara
(Vokal, Basa Populer)
Kedaling lesan kedah
kagladhi, supados saged langkung cetha kedaling swante. Pocapan inggih mekaten
ugi, kaudia saged mbedak-mbedakaken swantening tembung-tembung ingkang medal
kanthi cetha. Kados pundi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun
ngantos kesesa, nanging ugi sampun ngantos nglentreh sanget. Gladhi swara
menika kedah pikantuk kawigatosan ingkang mirunggan. Pramila menika kaaturi gladhi
sarana ngendika sakathah-kathahipun, kados saweg dados pranatacara utawi
pamedhar sabda ing sawenehing acara. Sokur menawi saged dipunrekam, lajeng
dipunpirengaken saha dipungatosaken pundi ingkang taksih kirang. Bab menika
kaambali ngantos kapireng sekeca.
4. Basa
tuwin Sastra
Ngudia tambahing
seserepan ing babagan basa tuwin sastra, jalaran menika mujudaken kabetahan
baku tumpraping pranatacara saha pamedhar sabda. Basa ingkang kaginakaken kedah
miturut tuntunaning sastra ingkang leres. Pamilihaning tembungingkang
salajengipun dipunronce ukaran ingkang trep, luwes, sae, wasana sekeca
kapirengaken. Manggihi jaman menika, prayogi ngagem tembung-tembung ingkang
prasaja kemawon. Dados langkung gampil katampi saha dipunmangertosi tegesipun
dening ingkang mirengaken utawi miturut ngendikaneipun para wasis “Nut Jaman
Kelakone”.
Ringkesan basa ingkang
komunikatif inggih menika basa ingkang kedah angengeti :
a. Sinten
ingkang gineman;
b. Sinten
ingkang dipunajak gineman;
c. Sinten
ingkang dipun ginem
d. Swasana
nalikanipun gineman;
e. Sami
mangertosi ingkang dipunginem.
Ewah-ewahaning sarira
ingkang boten mranani nalika pidato antawisipun:
a) Asring
ngebahaken satunggaling perangan sarira.
b) Ngebahaken
salah satunggaling perangan sarira kanthi tidha-tidha (tiba-tiba).
c) Ngebahaken
perangan sarira ingkang boten trep, kaliyan ingkang dipun
ngendikakaken.
ngendikakaken.
d) Asring
kukur-kukur utawi asring ngukur salah satunggaling perangan sarira.
e) Asring
mirsani cathetan.
f) Asring
ningali nginggil.
g) Nglebetaken
asta wonten ing sak clana.
h) Boten
migatosaken kawontenan utawi ingkang midhangetaken.
Rantaman utawa
Cengkorongan Sesorah
Ing salebeting Sesorah,
kedah kamomot prekawis-prekawis ingkang sampun karantam kanthi urut-urutan
kados ing nggandhap punika :
1) Salam
pambuka, inggih punika ngaturaken uluk salam dhumateng para rawuh,
tumunten kalajengaken nyebat asmanipun para rawuh.
tumunten kalajengaken nyebat asmanipun para rawuh.
2) Purwaka
basa (pambuka), inggih punika atur panuwun (matur nuwun) dhumateng para rawuh
(tamu undangan), saha kalajengaken atur panuwun dhumateng Gusti ingkang maha
Kuasa.
3) Isi
Sesorah (Pidato), inggih punika sadaya prekawis-prekawis ingkang dipun wedharaken.
4) Wigati/dudutan
(kesimpulan), inggih punika inti saking isi, ingkang sampun
dipunwedharaken.
dipunwedharaken.
5) Pangajeng-ajeng,
inggih punika pitedah-pitedah saha pangajeng-ajeng ingkang dipun.
6) Wusana
(panutup), inggih punika atur panuwun, saha panyuwunan pangapunten bok.
7) Salam
panutup, inggih punika uluk salam kangge mungkasi atur Sesorah.
Tuladha
Teks Sesorah
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak Kepala
Sekolah ingkang satuhu kinabekten, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula
hormati, adhik-adhik kelas tuwin kanca-kanca ingkang kula tresnani. Puji
syukur dhumateng gusti ingkang maha agung. Ingkang sampun angluberaken rahmat
sarta hidayahipun. Dene kula panjenengan sami saged makempal wonten ing Seminar
Bahayanipun Rokok Kangge Kesehatan niki.
Ing sajroning rokok
punika, wonten kandungan-kandungan zat kimia ingkang saged mbahayanipun tiyang
ingkang ngerokok lan tiyang wonten sakitare kebul rokok. Dene produsen-produsen
rokok ing Indonesia punika inggih ingkang paling ageng dening negara liya.
Amargi sumber daya alam utamanipun tembakau inggih punika bahan baku kagem
rokok katah wonten lemah Indonesia.
Ngerokok punika sadyane
mboten ngelanggar aturan, nanging ngelanggar hak asasine tiyang-tiyang manungsa
kanggo ngirup udara kang resik. Opo maneh kandungan ing kebul rokok punika
wonten unsur nikel kang samisalipun ngedep ing ginjal lan marai kanker. Inggih
mboten kanker paru mawon, nanging saged nguripake katah sel-sel kanker wonten
sajroning raga amarga wonten kandungan radikal bebas ingkang saged nguripake
sel kanker dening sajroning raga.
Para rawuh ingkang
minulya.
Produsen rokok punika
inggih boten 100% salah. Nanging inggih ingkang ngrokok dugi salah rumiyin
amarga mboten maos tulisen wonten bungkusipun rokok nek rokok niku mbahayani.
Perokok wonten Indonesia niku katah sanget amarga rego rokok ing pasaran niku
murah dumadine bocah-bocah sekolah kaya kula niki nggih nggampang tumbase,
nggih perihal kayata niku saged ngrusakake moral cah enom. Apata kaya niku
inggih pantes?
Para rawuh ingkang
minulya, kita sedaya pangerteni pajak dening rokok niku nyumbangake katah
kangge devisa negara. Nanging mboten pas kayane, kanggo panarapane amargi katah
tiyang kang dirugiake.
Para rawuh sedaya
ingkang tansah kinurmatan sampun punika cekap saking kula mbok bilih menawi
wonten kirang tata krama lan kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun agunging
samodra pangaksami.
Akhirulkalam, wabilahit
taufiq wal hidayah,
Wassalamualaikum Warohmatullahi
Wabarakatuh
Tidak ada komentar:
Posting Komentar